Sunday, October 18, 2015

Contoh pidato ujian praktek bahasa jawa



Ikon Adiwiyata SMPN 1 Wates
Wit Jarak

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Dhumateng penanggung jawab pokja adiwiyata SMP Negeri 1 Wates ingkang kinurmatan,
Bapak/Ibu guru pembimbing pokja adiwiyata ingkang kinurmatan,
Saha rencang sedaya ingkang kula tresnani, ngaturaken sugeng rawuh lan panuwun dene panjenengan sami rawuh ing papan menika.

Puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lah hidayah sehingga kita saged kempal manunggal ing papan menika. Sholawat saha Salam kita haturaken dening Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita anti-anti syafa’atipun ing Yaumul Qiyamah.

Bapak/ibu kakung saha putri ingkang kinurmatan, ing mriki kula badhe pidato bab “Ikon Adiwiyata SMPN 1 Wates”.
Sedaya sampun mangertos, yen wit jarak inggih menika ikon Adiwiyata sekolah ingkang kita tresnani. Nanging panjenengan sumerap manfaat saking wit jarak?

Jarak utawi Jotropha Curcas yaiku tanduran saking keluwarga Euphorbiaceae. Tanduran iku wujudipun grumbulan kayu-kayunan sing bisa dipanggihaken ing tlatah tropis. Jarak menika tanduran saking Amerika Tengah. Tanduran niki dibekta ing Indonesia kaliyan Jepang ing taon 1942.  Jepang dhawuh supaya petani ngganti tanduran kebonan dening wit jarak. Kahanan iki digunakake Jepang kanggo pados bahan bakar alternatif damel bahan bakar tank lan kapal mabur ing perang dunia II .

Meh kabeh begean saka tanduran iki bisa migunani, kayata oyot, tlutuh, godhong, lan winihe. Sawentara penelitian  nyebataken tanduran jarak ngandung senyawa sing migunani kanggo manungsa.
Bagean-bageanipun inggih menika :
1.  Tlutuh jarak, ngandung flavonoid lan saponin ingkang kageman sifat antimikroba sing migunani kagem ngobati sariawan, radang telinga lan gerah waja.
2.      Godhong jarak, ngandung senyawa kaemfesterol, lan teraksrol sing migunani kagem sakit madharan.
3.      Winih jarak, ngandung glukanase ingkang kageman aktivitas antifungi sing migunani dados antikanker.
4.      Minyak winih jarak, sing migunani kagem damel bahan bakar alternatif.
5.      Kulit wit jarak, ngandung tanin, resin lan saponin.
6.      Oyot jarak, sing migunani kagem ngobati watuk.

Sakliyane migunani kagem manungsa, jarak inggih migunani dening lingkungan. Kayata migunane tanduran liyane, jarak ngasilaken oksigen saking fotosintetis kaliyan ngurangaken kadar CO2 saking pencemaran udara. Sehingga ngurangi pengaruh atom floer saking pencemaran udara ingkang ngrusak lapisan ozon kaliyan atmosfer bumi. Sakjane kathah manfaat saking jarak kagem kita kaliyan lingkungan. Saking menika “Ayo nglestarikake lan tresno kaliyan lingkungan ing ngendi wae, kapan wae, lan kepriye wae.

Bapak/ibu kakung saha putri ingkang kinurmatan
Mugi-mugi pidato kawula tansah migunani dening kita sedaya.

Yu Keminten meresi santen,
Nggodhog kupat jangane koro.
Kula kinten cekap semanten,
Sedaya lepat nyuwun ngapuro.

Akhiru Kalam
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.                              

No comments:

Post a Comment

Soal Pilihan Ganda BAB 4 LOMPAT KANGKANG Kelas 11

Jawablah pertanyaan-pertanyaan berikut dengan memilih salah satu dari a,b,c,d, atau e! 1.       Loncat kangkang di atas peti lompat ter...